teknologi

Monday, April 16, 2018

Dewo ruci lan bimo




                 Lampahan Banyu Suci Prawitasari
                                                Wejangan Dewa Ruci tumrap Bratasena

Dewa Ruci    :  Bratasena gawe kaget buron samudra keprabawan raga kita kang wus ngelam lami       
                          Jiwo lan ragamu jroning kasucen.
Bratasena     :  Ana cahyo sumorot tejamanter nyada lanang ditamatake cat katon cat ora. Iki 
                          wujuding apa lenggah ana sela gilang mengku daya prabawa adem lan ayem mangka 
                          wus mangerti marang aku.
Dewa Ruci    :  Ong ilaheng aja maneh kok kita nenek moyang kita ulun wus mangerti kabeh 
                        Werkudara lamun kitanya marang ulun. Ulun iki sanghyang purba sadingah arani sang
                        Ruci batara.
Bratasena     :  Yen pancen kowe sanghyang purba, aku kepengin ngerti buktine.
Dewa Ruci    :  Kita bakal nyuwun apa?
Bratasena     :  Rehne aku ora bisa nyembah ora bisa ndhodok ora bisa basa apa kowe bisa nyipta 
                        Werkudara supaya bisa nyembah ndhodok lan basa.
Dewa Ruci   :  Lamun karep kita mengkana kita kepara maju bakal ulun udari gelung kita sarta ulun 
                       Garke gegeman kita supaya bisa nyembah sarta basa. Kulup dikepara maju (suluk 
                      Pathet manyura jugag Werkudara ganti nganggo wijasena).
Bratasena    :  Matur sewu sembah nuwun pukulun saderengipun ngaturaken sungkeming panga
                       bekti. Inggih namung jenandika ingkang kiyat nampi sembah kula lan basa kula.
Dewa Ruci   :  Ya pancen pesthine jawata kudu mengkono.
Bratasena    :  Rehne paduka sampun kepareng ngudhar gelung kula lan mbuka gegeman kula, kula 
                        badhe nyuwun pirsa blegering Werkudara punika namung kangge wewangunan me
                       napa mengku gati ingkang winadi menapa jumbuh kaliyan pangrasa kula menapa
                       boten. Awit gelaring busana lan dedeg pangadeg kula punika boten saklimrahing jalma.
Dewa Ruci   :  Kulup Bratasne sejatine dedeg lan piadeg kita iku mengku surasa gambarake jumbuhing 
                        lahir lan batin kita, mula kita kaparingan gelung minangkara ndek ngarep duwur mburi 
                        mengku karep lamun kita sesrawungan jroning bebrayan agung bisa mapanake 
                        kalungguhan kita srawung marang wong gedhe bisa wicara srawung lawan wong cilik
                        bisa ngemong lan momot.
Bratasena    :  Lajeng sumping kula punika menapa pukulun?
Dewa Ruci   :  Kita ngagem sumping pudhak sinumpet tegese kita bisa meper hawa napsu patang 
                      perkara ya kuwi: aluamah, amarah, supiyah, lan mutmainah. Amarah iku tegese
                     gampang nesu, gampang kebranang, aluamah iku tegese angangah-angah kudu dhahar 
                     kang sarwa dhahar enak lan akeh, supiyah iku tegese kepengin geganthaning kamukten
                     ingkang winawa mung bandha bea, mutmainah tegese kamukten lan kalungguhan.
Bratasena     :  Lajeng kula mawi pupuk punika menapa?
Dewa Ruci    :  Sejatine iku dudu pupuk sebab pupuk iku anggone bocah cilik, iku sejatine cundhuk 
                        kulup kang winastan cundhuk jaroting asem kang mengku karep alus budine mula kita
                        iku sejatine ngremit rasa kita. Kita ngagem kelat bahu bali bar manggis binelah njaba 
                        lan jerone padha rasane mula watak kita yen iya ya iya yen ora ya ora. Gelang candra 
                        kirana watake sumorot tejane, ngagem sabuk cindhe puspita yekti kita dadi pangence
                        nging kadang kita utawa pikuate kadang kita pikukuhing pandawa iku gumantung ana 
                        kita kulup ngagem kampuh poleng bintulu aji tegese kita wus ngerti hardening hawa pa
                       tang perkara kang ginambar abang, ireng, kuning, putih. Abang marang kuwanen, ireng
                       Kelanggengan, kuning hawa asmara, putih marang kasucen.
Bratasena     :  Menapa sebabipun kula nggegem kanthi kuku ingkang kados mekaten pukulun?
Dewa Ruci    : Kita nggegem iku nyawijekake rasa budi miwah karsa kanthi lelandasan kuku pancanaka
                       panca kuwi lima naka landep sejatine kadang kita sing landep budine ya lahir ya batin ya 
                       mung kowe kulup. Kita ngagem porong kencana minangka kanggo sarana pangeling-
                       eling rikala kita bakal sowan marang ulun kagiri goda marang olor tunggul wulung bisa 
                       tigas janggane nanging mustaka ora bisa uwal saka wenthis kita mula ingkang kiwa gi
                       nambar dining sanghyang baruna minangka pantesing imbanging wenthis tengen.
Bratasena     :  Menawi mekaten sampun terwaca bilih gesang kula punika tinuntun dining saranduning
                         busana ingkang mapan wonten jiwa raga kula pukulun.
Dewa Ruci     :  Iya kulup mula jati diri kita mapan ana busana ingkang kita agem.
Bratasena      :  Nanging dereng lega raosing manah kula menawi dereng mangertosi ujuding  banyu 
                         suci prarwita sari.
Dewa Ruci     :  Werkudara, sejatine banyu suci prarwita sari iku dudu wujud barang nanging iku kanu
                        grahaning urip lan kita bakal mangerti jatining banyu suci wadhahing prarwita sari kita
                        manjing ana jroning karna ulun.
Bratasena      :  Hyang pukulun punika elok lan aeng kula semanten agengipun paduka namung sakge
                        geman menapa saged manjing wonten karna paduka pukulun.
Dewa Ruci      :  Saka keparenging batara sarta panguwasa ulun kita bisa kulup.
Bratasena       :  Amit-amit pasang paliman tabik mugi linepatno ing bebendu saha tulak sarik kepareng
                          kula badhe manjing wonten karna paduka pukulun.
Dewa Ruci      :  Bratasena jroning kita manjing ana karna ulun aja lali elingo marang purbaning Hyang 
                          widi wasa (gendhing eling-eling) rep.
Dewa Ruci       : Seno kepiye rasa kita bareng maning karna ulun.
Bratasena       : Pangraos kula sumeblak raosing manah kula lan paningal kula, sinareeng kula manjing 
                       wonten karna. Katentreman ingkang kula raosaken bebasan tuwuk kang tanpa dhahar
                       seger tanpa ngunjuk padhang tanpa soroting surya, wonten pangraos namung adhem
                       ayem saha tentrem, punika wonten jagading menapa pukulun?
Dewa Ruci      :  Kuwi kang sinebut sonya nuri bratasena mara kita enggal mlakua maneh.
Bratasena       :Kula mlampah saya adhem saya ayem saya tentrem punika alamipun menapa pukulun?
Dewa Ruci      :  Kuwi kang sinebut alam baka.
Bratasena       :  Alam baka punika nenapa pukulun?
Dewa Ruci      :  Alam baka iku sampurnaning urip lamun kita ana mercapada tansah tindak bener sarta 
                        seneng teetulung gawe kabecikan marang liyan bebasan maringi kudung marang wong 
                        kepanasan, maringi paring marang wong kang kudanan yekti bakal sampurna urip ing 
                        mbesuk bakal ngrasake kaya kita. Ya kuwi kulup lamun kita terus bisa ngrasa lan
                        nyakup cahya biru maya-maya ya iku kang sinebut banyu suci perwita sari wus marem
                       kulup rasa ning pamikirmu.
Bratasena      :  Sampun kacakup pangandikanipun sanghyang dewa ruci.
Dewa Ruci     :  Lamun mengkana kita enggal metua saka jroning karna ulun.
Bratasena      :  Kula boten badhe wangsul.
Dewa Ruci     : Apa kita lali marang jangkaning dewa perang baratayuda njaluk balining negara
                         ngastina sakwutuhe.
Bratasena      : Kula boten kepengin negari, boten kepengin bandha donya kula wonten mriki sampun
                        ayem tentrem.
Dewa Ruci      : Kita mboya kepareng kaya mengkana kulup. Kita enggal metua sedela saka karna, kita 
                         bakal ulun gelung suapaya katon jati kita.
Bratasena       :  Inggih kula dherek (suluk ada-ada manyura wetah) wijasena metu digelung maneh.
Dewa Ruci      :  Rehne kita wus bali kaya duking uni kita enggal bali mesakno kadangira kulup 
Bratasena       :  Aku emoh bali kepengin cerak marang Dewa Ruci dewaku during tutug nggonku ngra
                        sake katenntreman.
Dewa Ruci      : Lamun kita mboya gelem bali coba priksanana epek-epek ulun (suluk ada-ada)
Carita            : Kacarita R. Werkudara dupi mriksani epek-epek nya sang Dewa Ruci katon gegambaran
                        Dewi Kunthi Talibrata dipun perwasa kadang kurawa, duka yayasinipi dyan Bratasena 
                       datan pamit sang Dewa Ruci jumangkah nyabrang samudra tindak daratan. (playon ma
                       nyura sesek) Dewa Ruci ilang.







Rukma kala lan kala rukma. Rukma kala badhar batara bayu kala rukma badhar batara brama
Batara bayu maringi pusaka kalung naga bandha batara brama maringi pusaka anting-anting sotyaning warih lan tirta kundha. Naga bandha dayane nek nesu krurane kaya naga terus anting-anting sotyaning warih bisa dayane mbabar kepadhang. Tirta kundha dayane nggo mlaku neng banyu tanpra beda neng daratan.
            Kayu gung susuhing angin tegese kayu: urip, karep gung: gedhe susuh: papan, angin: napas.
Wong yen duwe karep gedhe dijangka waton laku lakuning napas lan keteging jantung isih lumaku.
Alas kendali rasa : wong duwe karep kudu bisa ngendaleni panca driya
Gunung candra muka : Kudu bisa meper hawa lima perkara yaiku lakuning tutuk, karna, netra, grana, rasa utawa ati.
Kayune purwosejati, pangira jagad kinarya rumembi, apradapa kekuwung, sekar lintang salogo langit, woh surya lan tengsu, asirat bun lan udan, pucak akasa bungkah pratiwi, oyote banyu bajra.
Kayune purwosejati : kayu = urip/karep purwo wiwitan sejati = sejatining urip. Mila tiyang gesang anglampahi trilampahing gesang wonten mercapada nggeh punika purwo madya wasana. Pangira jagad kinarya rumembi = kiblat papat lima pancer minangka pikuating agesang. Apradapa kekuwung: lamun wus nglampahi jatining urip mubah kiblating urip saged nyepeng jatining diri lamun katarima uripe katon mencorong tejane. Sekar lintang saraga langit = kembanging jagad akasa mung loro lakuning rembulan lan lintang. Woh surya lan tengsu: bisa methik kanikmatan sarta kabagyan. Asirat bun lan udan: Pangrasa adhem ayem kaya ketetesan tirtaning bun lan udan. Pucak akasa bungkah pratiwi : ingkang murba lan masesa jagad saisine gusti ingkang maha agung. Oyote bayu bajra = pikuating urip lakuning angin.

No comments:

Post a Comment

AUSSIE DIGITAL AIRDROP